Minggu, 14 Januari 2018

GEGURITAN

 NGLEWANG
(Mengeti ambal warsa 45th
Nunuk S)

Ngglewang iku laku jantrane srengenge
jumedul wayah bangun esuk angslup ing wayah sore
terus gumanti rembulan andadari
mangkono sakteruse laku jantrane kodrat.

lelakone manungsa tanpa beda srengenge lan rembulan
manungsa tan bisa milih amung narima ing pandum
rezeki jodo lan pati
iku pepetingane pangeran
mula mung mangestoake dawuhe pangeran
kanti ikstiar iklas sabar lan syukur
apa wae kang kasandang dening manungsa.